Sabtu, 22 Januari 2011

tatacara mantu


TATA CARA MANTU

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.                                                                                                 

Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

  1. Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
 

Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

  1. Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

  1. Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.                                                     
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

  1. Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

  1. Ijab kabul
Yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.

  1. Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

  1. Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

  1. Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

  1. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.

  1. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.

  1. Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.

  1. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

  1. Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

  1. Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

  1. Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

  1. Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

2 komentar: