Sabtu, 22 Januari 2011

dakwah 'sifat zindiq'


SIFAT ZINDIQIYAH SANGET MBEBAYANI TUMRAPING PAUGERAN AGAMI ISLAM





Jama’ah rahimakumullah                               
 Kanthi niyat ikhlas ing salebeting manah, karana sinurung sesanti madhep, marep, lan mantep dhedhepe dhateng ngarsaning Gusti Allah, inggih jalaran nugraha ingkang kaparingaken tumanduk dhateng kita sami awujud kesarasan jasmaniyah lan rokhaniyah. Satemah  dinten puniki saged makempal wonten ing papan mriki. Inggih amargi tansah sinongsongan rahmat saha barakahing Gusti Allah ingkang maha Wikan lan asifat Rabbul alamin, angopeni saha angayomi sedaya ngalam. Semanten ugi mangga kita sami atur pisungsung dhumateng Rasul Muhammad SAW, mugiya shalawat saha salam katetepna dhumateng panjenenganipun kanthi pangajab amrih paring syafa’at nalika umatipun mangke wangsul ing ngalam akhir.
Jama’ah rahimakumullah                                    
 Ing kalodhangan puniki, keparenga kula ngaturaken pangertosan tembung “zindiq” ingkang asring kepireng ing pangaosan-pangaosan punapa dene wonten ing serat-seratan babagan ilmu tauhid utawi ing tarikh islam.
Zindiq dipun terjemahaken kaliyan tiyang ingkang ngaken ngrasuk agami islam, nanging gadhah niyat badhe ngrisak paugeraning Islam kanthi samudana. Liripun boten mawi kekerasan (agal) nanging kanthi alus. Tumapak wonten ing tembung utawi ing pakarti. Kados dene ing sastra jawi  “dom sumurup ing banyu” utawi ukara “kenoa iwake aja nganti buthek banyune”.
Para jama’ah sampun wuninga bilih dom / jarum punika barang ingkang alit sanget wujudipun. Nanging menawi mlebet ing toya saged mbebayani. Kamangka rekaos dipun padosi. Dene mina tirta, menawi saged kapendhet (dipun entasaken) kok boten buthek toyanipun, ateges paraga ingkang makarya punika julig sanget pakartinipun. Punika nggambaraken bilih kaum zindiq mila gadhah niyat badhe ngrisak agami Islam kanthi petangan-petangan mateng (terencana, tersusun, terarah, lan terpadu).

Jama’ah rahimakumullah                                
Ing babagan paham zindiq wau ngajeng, menawi kajumbuhaken kaliyan kawontenan jamaan samangke boten tebih saking kasunyatan. Kedadosan-kedadosan ing saklebet ing negari RI menapa dene ing njaban rangkah ingkang wujud gegeran utawi udreg-udregan ngantos nuwuhaken raja pati, pedhoting raos kekadhangan (silaturahmi) saha kiranging suba sita, icaling raos wiragi, sampun tumapak ngembyah ing madyaning bebrayan agung. Paraga ingkang tumindak saperangan nyanggemi agami Islam.
Sedaya wau karana janma manungsa ingkang ulah lan kridhanipun sampun boten netepi jejering khalifah, nunten gampil sanget ndamel risaking sunnatullah. Kedahipun khalifah punika nggadhahi tanggel jawab tumraping kelestarian alam, njagi katentremaning jagad kanthi nyambet silaturahim dhumateng sedaya titah.  Ananging margi kenging bujuk rayu makhluk ingkang sinebat syetan  (saking jin utawi manungsa) nunthen kathah sanget khalifah ingkang minger saking bebener menceng kiblatipun. Gampil danget ngumbar pangandikan kanthi sanepa “kunthul diunekake dhandhang, dene dhandhang diunekake kunthul”. Liripun gampil ngendika goroh tuwin nggampilaken nalar. Leres dipun anggap lepat, dene ingkang lepat malah dipun leresaken. Inggih sikep-sikap makaten punika ingkang damel risaking sunatullah. Gegeran boten kendhat mahanani pedhoting kekadangan, risaking kala mangsa tuwuhing watak brangasan lan sesongaran kanthi ngediraken panguwaos saha kekiyatan material.
  Jama’ah rahimakumullah                                   
Kawontenan mekaten wau sampun dipun pertelakaken dening Gusti Allah kanthi firmanipun ing kitab suci Al-Qur’an surat Muhammad ayat 22-23




Jawanipun : Apa kira-kira yen sira darbe panguwasa mbanjur sira bakal gawe rusak ing salumahing bumi lan medhot tali kekadhangan. Ya wong-wong kang kaya mangkono iku dilaknati dening Gusti Allah, dibudhegake talingane, lan diwutaake mripate”.
Kocap jaman sakmangke sifat-sifat zindiqiyah sampun wradin dumugi sedaya lapisan masyarakat. Boten namung mapan ing masyarakat awon kemawon, kepara malah sampun dumugi ing tataran nginggil. Ingkang sinebat guru bangsa, budayawan, ulama, pejabat negara, sipil, menapa dene militer, saperangan sampun kapencokan. Jumbuh kaliyan kawontenan menawi dipun tingali ing tata lahir, saged dipun pendhet tuladhanipun ; NKRI ingkang rumiyin sampun mapan lan tumata, sapunika kaancam pecah kanthi wonten gerakan-gerakan sparatisme. GAM ing propinsi Aceh, GPM ing Papua, RMS ing Maluku. Kejahatan-kejahatan lokal ingkang damel tintriming masyarakat. Pemboman-pemboman silih berganti lan sakpiturutipun. Sedaya wau bebasan penyakit ingkang rekaos dipun obati (mardlon mulaziman) ugi rekaos dipun teliti.
Ing babagan kabudayan wonten kemawon kedadosan-kedadosan ingkang ketingalipun kaanggep limrah ing tata lahir, kamangka yektosipun nyempyok-nyempyok bebaya tumrap jejering paugeran agami. Kados wonten pemanggih bilih bisnis punika ngalalaken sedaya cara kanthi dhasar pados tedha. Etika saha moral dipun kiwakaken waton sinengkuyung ing ngakathah.  

Upacara-upacara perkawinan ing sinetron limrah dipun leksanakaken, supados ketingal asli sarta runtut ceritanipun. Upacara perkawinan dipun leksanakaken komplit kados dene upacara perkawinan resmi. Wonten calon temanten kekalihipun, wonten ugi wali, saksi. Ingkang nikahaken kyai penghulu ngagem busana khas kados leres-leres penghulu. Kepara malah langkung sampurna. Kamangka wonten ing paugeran Islam, bilih wonten tiyang perkawis ingkang kangge dolanan dados leres, yen tenan-tenan ngiyataken leresipun. Inggih punika nikah, talaq, lan rujuk. Lajeng kados pundi hukumipun perkawinan ing sinetron menapa dene talaq ing sinetron. Sinten ingkang mikul tanggel jawab dhawahing dosa ing dolanan punika ?
 Jama’ah rahimakumullah                              
 Kasunyatan ingkang lumampah ing jaman samangke mliginipun babagan jejeging ngadil. Ketingalipun dereng saged tumindak kanthi sae, “bak mendirikan benang basah”. Paraga ingkang gadhah perkawis ing pengadilan boten pados pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat. Ananging ngupadi menang utawi kalah. Ucapan-ucapan goroh, sumpah palsu, kesaksian palsu, kados-kados limrah katindakaken. Kamangka wonten ing hukum agami Islam lampah makaten wau kalebet dosa ingkang ageng.
Mangga kita sami memahami hadist riwayat Muttafaq ‘Alaih saking sahabat Abu Bakrah Nufai’ bin Al Harits kacuplik ing ngandhap puniki



 
Jawinipun :  “Bersabda Rasulullah SAW : “Apa gelem yen sliramu kabeh ndak paringi keterangan babagan kang mahanani dosa gedhe ?”. Para sahabat matur, “Inggih Rasulullah”.  “Musyrik marang Gusti Allah SWT, lan duraka marang wong tuwamu sakeloron, ucapan goroh, lan kesaksian palsu.
 Jama’ah rahimakumullah                            
 Samangke kathah sanget paraga ingkang mberot saking tatanan mapan. Tindak tanduk anarkis, nggega karepipun piyambak. Ngudhal-udhal tatanan, dipun padosi ingkang cocok lan damel keuntungan slira pribadi. Mbalela dhateng peraturan ingkang kaanggep damel rugi. Cekak gampilipun waton sulaya. Asbun waton benten kaliyan pemanggihipun ngasanes supados kaanggep dados pahlawan. Matak aji mumpung jalaran kagungan kalenggahan saha panguwaos. Gampil miyak wadining ngasanes kanthi blak-blakan nuding kalepatanipun. Tudingan sun manyusun pundi mangke ingkang cocok.
Saweneh paraga wonten ingkang srakah numpuk bandha. Mbobol bank ing pundi-pundi lajeng geblas kesah dhateng luar negeri rekaos dipun lacak. Negari dipun damel rugi satemah utang luar negeri numpuk meh-meh boten kangkat.
 Jama’ah rahimakumullah                               
Goteking ngakathah jaman samangke sinebat jaman reformasi total. Salah satunggal cirinipun keterbukaan (transparansi) saha kebebasan. Yektosipun kalih perkawis punika kangge bangsa ingkang dereng mateng pikiranipun saged nuwuhaken pakarti saha pakaryan ingkang kebablasen. Menawi kirang dipun sandhet utawi dipun kendhaleni saged tumuju dhateng anarkhi lan kehancuran, jalaran sinengkuyung dening ngakathah. Kita sami sampun mangertos bilih ingkang sinebat kelompok massa punika kempalaning paraga ingkang benten-benten watakipun. Saperangan paraga sae, nanging saperangan suwalikipun. Kathah paraga ingkang nimbrung tujuwanipun sampun benten kaliyan ancas ing sakawit. Nunten salin bubuh lan salah kedaden. Damel risak, njarah-rayah karana tuwuh watak zindiqiyah.
Mangga dipun pahami firman Allah sinerat wonten surat Ar-Ra’ad ayat 25:



 
Jawanipun : “Wong-wong kang padha ngrusak janji Allah sakwise di ikrarake kanthi teguh lan padha medhot marang apa wae kang diperintahake supaya sambung lan padha gawe rusak ana ing bumi, wong-wong kang kaya mangkono iku antuk kutukan (laknat) lan kanggo wong-wong mau antuk panggonan kang ala (jahannam ).
  Jama’ah rahimakumullah                                  
 Kangge panutuping dakwah punika, kasuwun sagung para jama’ah nebihi watak-watak zindiq, ingkang yektos-yektos damel risaking paugeran. Tundhanipun damel crah lan congkrah tumraping kekadangan, saha ageng dosanipun.
Mangga kita sami makarya saiyek saeka kapti, wekel manembah dhumateng Gusti Allah amrih rahmat saha barakahipun tumanduk dhateng kita sami, satemah manggih karaharjan ing donya punapa dene wonten ing akherat mangkenipun. Sedaya wau saged kaleksanan jer sedaya kawulaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi guyub rukun, mat sinamatan, mong kinemongan, jalaran tansah emut kaliyan pangandikanipun Rasulullah SAW bilih Gusti Allah badhe paring pitulungan dhumateng sedaya kawulanipun, sauger  kawulanipun wau suka tetulung mring sesami.

Mugiya lampah utami tansah sinandhang dening kita sami, nglenggahi sarta nuhoni tumrap jejeging adil, saha njagi kedaling lesan, sampun ngantos micara ingkang kirang trep menggahing trapsila tuwin suba sita. Insya Allah kanthi mekaten wau Gusti Allah ingkang sifat rahman lan rahim badhe ngudaneni sedaya panyuwun. Amin ya rabbal ‘alamin.
 


DAFTAR PUSTAKA

Pimpinan Wilayah Dewan Masjid Indonesia. 2003. “Sifat Zindiqiyah Sanget Mbebayani Tumraping Paugeran Agami Islam”. Dalam Dakwah Islam, Oktober 2003. Yogyakarta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar