Sabtu, 22 Januari 2011

geguritan

Piwelinge Ibu

Ngger, diati – ati aja seneng nyenyandhung
Arum endah kembang bakung
Kesrimpung slendhang,
Kesandhung gelung,
Kagubel kalung.
Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
Supaya kecekel anggonku mbujung
Aku tansah eling piwelinging ibu
Nalika aku arep budhal sinau
Ngger, urip mono awujud laku
Ombyaking donya aja kapelu
Aja kapaelu gebyaring lampu
Kang kairing jejogedan lan gumuyu
Ngger, urip sing prasaja
Aja mung mrubu barang donya


  sumber : Pustaka Ajining Sastra                                                                                                                 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar