Sabtu, 22 Januari 2011

pewayangan

* Prabu Duryudana Kewirangan *

            Pawartos sedanipun Prabu Sisupala sumebar warata. Prabu Duryudana mrinani, “Paman Sengkuni, rencang kula dumugi seda, pedhot jangganipun. Kula boten trima ! ”.
Pangandikanipun Prabu Duryudana kapireng dening Prabu Baladewa. Raja Mandura menika lajeng ngendika, “ Sampeyan badhe menapa, yayi? menawi sampeyan badhe           reka-reka damel perkara mungsuhipun sanes sinten-sinten, nanging Baladewa ! ”.
            “ Inggih……inggih……”, Prabu Duryudana minder. “ Kula aturi nrimah, Ngger. Yung-yung,” Patih Sengkuni asung panglipur.
            “ Duryudana, menika sanes perkawis panjenengan. Menika perkawising pribadi antawis Wayah Prabu Kresnakaliyan Sisupala.Panjenengan ampun tumut-tumut, salin bubungan”, ngendikanipun Resi Bisma.
            “ Inggih”. Resi Bisma lajeng ngendika marang para narendra, “ Para kadang narendra, kaparenga panjenengan sami lerem sawatawis. Rehne samangke pasugatan sampun panjenengan tampi, mawantu-wantu panuwunipun putu kula Pandhawa, mangga kula dherekaken manjing wonten ing Taman Batanakawarsa.”
            “ Inggih, sendika. Mangga kanca-kanca! ” Prabu Duryudana sareng priksa gumelaripun nagari Ngamarta ( Indraprasta ), langkung-langkung taman Batanakawarsa, sanalika duka yayah sinipi. Purwanipun Pandhawa babad mrentani menika sejatosipun diloropaken, ananging saestu nampa kamulyan ingkang sanget ageng. Ageng alitipun Prabu Duryudana meri kaliyan kabegjanipun Pandhawa.
            Kaendahanipun taman Batanakawarsa, jagad boten wonten ingkang nandhingi. Saking katabihan taman Batanakawarsa pindha tumpukan inten barleyan. Pating gebyar sumunar nyoroti sajroning taman. Katon padhang terawangan. Wonten tengahing taman wonten blumbangipun, ingkang dhasaripun saking marmer. Toyanipun bening kinclong-kinclong kados kaca, ngantos marmer dhasaripun ketingal cetha sinawang saking nginggil. Tanem tuwuh ingkang ngrenggani taman, dumados saking wit-wit sekar ingkang awis. Awit saking indahipun, jerambahipun menawi dipersani ngantos kados blumbang. Ingkang kados jerambah, malah sejatosipun blumbang. Kori ingkang katingal minep, malah sejatosipun menga. Wondene kori ingkang ketingal menga, sajatosipun minep.
            Prabu Duryudana kadherekaken Patih Sengkuni anggenipun tindak misah saking rombongan. Batosipun boten trima, menawi Pandhawa pikantuk kamulyan ingkang semanten ageng. Raos gempung, kuciwa, duka, katambahan raos drengki, srei, njalari icalipun kaprayitnanipun Prabu Duryudana. Datan nyana yen kori ingkang ketingal mbikak menipun sejatosipun minep. Prabu Duryudana nekat nedya ngliwati, satemah mustakanipun gejegluk kori. Ger! Sinurak para Raja ingkang sami mersani. Prabu Duryudana panas manahipun. Cengkelak mbalik,tumuju jerambah ingkang sejatosipun menika blumbang.,Patih Sengkuni nyobi ngalang-alangi, nanging sampun kasep. Prabu Duryudana sampun kebacut kecemplung blumbang. Sinurak dening para Raja.
            “ Ha….ha….ha….ha ! Prabu Duryudana kecegur blumbang !”
            “ Kula menika boten kecegur…..”, Prabu Duryudana ngendika.
            “ Kecegur kemawon ! ” salah satunggaling  Raja boten purun kawon.
            “ Kula menika sumuk, mila terus nyemplung, siram”, wangsulanipun Prabu Duryudana.
            “ Siram kok kaliyan sandhanganipun? ” pangandikanipun Raja sanes.
            “ Ngiras pantes nggirahi.” Pangandikanipun Prabu Duryudana.
            “ Lha wong Ratu kok nggirahi ! ”
Prabu Duryudana kewirangan saestu.   

Analisa
           
·         Tokoh        :
-          Prabu Duryudana.
-          Paman Sengkuni.
-          Prabu Baladewa.
-          Resi Bisma.

·         Sifat          :
-          Prabu Duryudana : Srei kaliyan drengki.
-          Paman Sengkuni : Manutan kaliyan remen adu-adu.
-          Prabu Baladewa : Tegas Kaliyan mbelanipun kebeneran.
-          Resi Bisma : Jujur ( ngayomi ).

·         Setting / tempat    :
-          Ngastina.
-          Negara Ngamarta ( Indraprasta ).
-          Pandhawa.
-          Taman Batanakawarsa.

·         Waktu        :
-          Wonten ing Taman Batanakawarsa.
-          Wonten ing Nagari ngamarta ( Indraprasta ).

·         Budi Pekerti          :
-          Boten kenging srei kaliyan drengki.
-          Dados pimpinan ingkang saged dipuntuladhani.
-          Ampun kepingin kaliyan rejekinipun tiyang sanes.
-          Nrimah ing pandum ( menapa wontenipun )

Sinopsis / ringkesan    

            Pawartos sedanipun Prabu Sisupala sumebar warata. Prabu Duryudana mrinani. Prabu Duryudana sareng priksa gumelaripun nagari Ngamarta ( Indraprasta ). Langkung-langkung taman Taman Batanakawarsa, sanalika duka yayah sinipi. Kaendahanipun Taman Batanakawarsa, jagad boten wonten ingkang nandhingi. Saking katabihan Taman Batanakawarsa pindha tumpukan inten barleyan.
Prabu Duryudana kadherekaken Patih Sengkuni anggenipun tindak misah saking rombongan. Batosipun boten trima, menawi Pandhawa pikantuk kamulyan ingkang semanten ageng. Raos gempung, kuciwa, duka, katambahan raos drengki, srei, njalari icalipun kaprayitnanipun Prabu Duryudana. Datan nyana yen kori ingkang ketingal mbikak menipun sejatosipun minep. Prabu Duryudana nekat nedya ngilwati, satemah mustakanipun gejegluk kori. Ger ! Sinurak para Raja ingkang sami mersani.
Prabu Duryudana panas manahipun. Cengkelak mbalik, tumuju jerambah ingkang sejatosipun menika blumbang. Prabu Duryudana sampun kebacut kecemplung blumbang.
Prabu Duryudana kewirangan saestu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar