Sabtu, 22 Januari 2011

carios joko kendil

JOKO KENDIL

Wonten tiyang naminipun Joko Kendil. Joko Kendil menika benten kaliyan tiyang sanesipun. Piyambakipun gadhah rupi ingkang awon, padharanipun ageng, lan badanipun andhap. Joko Kendil kesah saking dalemipun ugi mboten pamit kaliyan Bapak utawi Ibune. Wonten desane, Joko Kendil mboten gadhah rencang, rencange malah sami ajrih marang Joko Kendil. Mula, Joko Kendil kesah wonten ing alas piyambak.
Dumadakan wonten Dewa ingkang mandhap, lajeng ngendikani Joko Kendil menapa kok piyambakipun wonten tengah alas. Lajeng Dewa wau matur kaliyan Joko Kendil menawi saged ngrubah rupi ingkang awon dados rupi ingkang becik. Joko Kendil mboten pitados. Lajeng Dewa wau mbuktekaken kesaktianipun, sang Dewa nggantos wujudipun Joko Kendil dados tiyang ingkang becik. Joko Kendil nembe pitados menawi Dewa wau gadhah kesaktian ingkang temenan.
Sesampunipun Dewa kesah, lajeng wonten Dewi ingkang mandhap saking kayangan. Lajeng Dewi-Dewi wau sami ajrih ningali Joko Kendil. Para Dewi lajeng sami kesah, ananging wonten setunggal Dewi kecalan kalunge. Lajeng sang Dewi wau ndamel sayembara : sinten kemawon ingkang saged ngangsalaken kalunge, menawi tiyang setri badhe didadosaken sedherekipun, menawi tiyang jaler badhe didadosaken garwa. Dumadakan Joko Kendil ingkang ngangsalaken kalunge Dewi wau. Dewi wau kenalan kaliyan Joko Kendil, naminipun Dewi Widyawati. Sang Dewi purun ndadosaken Joko Kendil garwa. Lajeng Joko Kendil dikengken rawuh wonten Medangsawit, nglamar Dewi Widyawati. Ananging Joko Kendil kedah matur rumiyin kaliyan Bapak, Ibu, lan simbahe.
Joko Kendil lajeng matur kaliyan Bapak, Ibu, lan simbahe menawi badhe nglamar Dewi Widyawati putrine Raja Medangsawit. Joko Kendil malah digumujengke, amargi kluwargine Joko Kendil mboten pitados.Ananging kluwargine Joko Kendil purun ndugekake wonten ing Medangsawit.
Joko Kendil kaliyan kluwargine lajeng rawuh wonten ing Medangsawit. Ibunipun Joko Kendil matur Kaliyan Raja Medangsawit menawi Joko Kendil badhe krama kaliyan putrinipun. Raja lajeng nyuwun prisa marang putrine, sinten ingkang purun dados garwane Joko Kendil. Sedaya putrine mboten purun kejawi Widyawati. Raja sarujuk marang lamaranipun Joko Kendil.
Lajeng wonten prajurit mbeta laporan amargi wonten tiyang kathah ingkang badhe nglamar Widyawati. Saderengipun Joko Kendil pamit, badhe dicobi kesaktianipun Joko Kendil. Joko Kendil dipijeti rumiyin kaliyan Widyawati, ananging dumadakan Joko Kendil gantos wujud dados sae. Joko Kendil dados malah kangge rebutan Dewi-Dewi sanesipun.
Ananging dumadakan wonten prajurit rawuh malih mbeta laporan wonten tiyang kathah badhe nglamar Widyawati. Bapakke Widyawati ngengken Joko Kendil nyingkiraken tiyang-tiyang wau. Lajeng Joko Kendil nglawan. Ananging malah ditaweni menawi Widyawati dilintoni banda, plesir wonten ing Mesir, lan didadosaken panglima, ananging Joko Kendil mboten purun. Akhiripun Joko Kendil perang kaliyan tiyang-tiyang kathah wau. Joko Kendil akhiripun menang.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar