Jumat, 22 April 2011

tembang campursari

Campursari

*Kusumaning ati*

Kusumaning ati
duh wong bagus kang tak  anti-anti
mung tekamu bisa gawe tentrem ning atiku
biyen nate janji tak ugemi ora bakal lali
tur kelingan jroning ati sak bedhahing bumi
kadung koyo ngene  sak iki piye karepe
malah mirangake manis pambukane kok pahit tiba mburine
pancen mangkelake among pamujiku
mugo-mugo rak ono rubedho
sak pungkure nggonmu lungo ora kondo-kondo

*Lingsir wengi*

Lingsir wengi sepi durung bisa nendro
kagodho mring wewayah kang ngerindhu ati
kawitane mung sembrono njur kulino
ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
nanging duh tibane aku dewe kang nemahi 
nandang bronto kadung loro sambat- sambat sopo
rino wengi sing tak puji ojo lali
janjine mung bisa tak ugemi

*Kempling*

Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi
kadingaren tindak wae ora numpak taksi dewekan opo ora wedi
timbang nganggur kulo gelem ngancani
kleresan mas alias kebetulan blanjane akeh rodo kabotan
yen puru nggal-enggal ngancani tekan ngomah mangke kulo opahi
e…e tobil wong legan golek momongan
niki blonjo nopo mbakyu badhe pindahan
ampun gelo mas sampeyan ampun kuciwo
kulo rondho anyaran ditinggal lungo
awan-awan lungo blonjo ning pasar pahing
prawan rondho kanggoku ra patek penting
neng semarang mas tuku gelang po anting-anting
jo sumelang yo ben rondho dijamin kempling

1 komentar:

  1. All Sports Toto Sports Toto Bet in Tennessee - Sporting 100
    Here is the full list of all Tennessee sports toto bet on. Includes odds used ford escape titanium on titanium cartilage earrings all titanium pot Tennessee sports, including a total of six-figure tube supplier betting 토토 사이트 도메인

    BalasHapus