Jumat, 22 April 2011

khutbah 'koruptor mesthi neraka'

KHUTBAH JUM’AH
“KORUPTOR  MESTHI  NERAKA”



NAMA  : FENDY ARDIAN PRATAMA
NO        : 33
KELAS : XI IPS 2


KORUPTOR MESTHI NERAKA




Tujuan Akhirat lan Tanggel Jawabipun
            Para sedherek kaum Muslimin hadani wa hadakumullah. Minangka umat Mukminin lan Muslimin, yektosipun kula lan panjenengan tansah dipun tedahaken dhateng perkawis-perkawis ingkang  panjenengan sedaya.




“Ingsun ora tau ndadekake kanggo para manungsa sadurungira (Muhammad) panguripan kang langgeng. Mula yen sira mati, opo wong-wong iku arep padha urip salawase? Saben-saben jiwa iku mesthi bakal ngrasakake mati, lan Ingsun bakal paring coba marang sira kabeh krana (kahanan) kang ala lan kahanan kang becik minangka ujian, lan marang Ingsun sira kabeh bakal dibalekake.” (Q.S.al-anbiya’,21: 34-35)
            Para sedherek jama’ah Jum’ah Rahimakumullah. Ayat punika paring nasehat dhateng kula lan panjenengan, bilih manungsa punika badhe ngraosaken sekeca utawi sengsara, kawontenanipun sae utawi awon, kunci panutupipun tetep namong setunggal, inggih punika pejah. Lajeng ing ayat punika Allah ugi paring ketegasan, bilih boten badhe wonten manungsa ingkang gesangipun langgeng. Sae lan sekeca punika wontenipun namung sawatawis. Awon lan sengsara punika wontenipun ugi namung winates. Ingkang paling penting inggih punika mesthekaken badhe kados punapa kawontenan kula lan panjenengan nalika wangsul dumateng Ngarsa Dalem Allah SWT. Punapa ingkang badhe kula lan panjenengan bekta? Sangunipun amal kesaenan sampun cekap punapa dereng? Lajeng kinten-kinten kula lan panjenengan punika badhe angsal Suwarga punapa malah badhe pandudukipun Neraka? Mila saking punika Allah lajeng paring pemut: ”wa ilaina turja’un”, lan namung marang Ingsun, sira kabeh bakal dibalekake. Maknanipun, bilih kula lan panjenengan kedah nanggel-jawabaken punapa kemawon ingkang kula lan panjenengan tindakaken ing sakdangunipun gesang wonten ing donya punika.
Para Koruptor Sanes Umatipun Rasullullah
            Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah. Akhirat punika tanggel-jawabipun awrat sanget. Tiyang ingkang culika, kados dene para koruptor (ingkang samangke boten saya susut jumlahipun, nanging malah saya katha punika), cetha-cetha boten badhe saget mlajar saking pengadilanipun akherat, senajan piyambakipun saget bebas mardhika saking pengadilanipun manungsa wonten ing donya. Wonten ing setunggalipun hadist, Rasulullah SAW sampun cetha sanget anggenipun paring pedoman:




“Wong Islam iku wong kang wong-wong kang islam liyane padha slamet amerga saka lisan lan tangane.”(Sahih  Bukhari,11;Sahih Muslim,66)
            Hadist  punika paring pedhoman datheng kula lan panjenengan, bilih tiyang Islam utawi saben-saben Muslim, inggih punika tiyang ingkang tetembungan lan tindak lampahipun saged damel slametipun masyarakat muslim sanesipun. Pramila, tiyang ingkang ucapan utawi tindak lampahipun jer nyilakakaken utawi damel sengsaranipun tiyang Islam sanesipun, yektosipun boten badhe dipun akeni dening Kanjeng Nabi SAW minangka umatipun, amargi hakekatipun (adhedasar hadist punika kalawau), piyambakipun punika sanes tiyang Islam. Mila saking punika, para koruptor punika kalawau jaminanipun boten wonten sanes kejawi namung Neraka Jahannam boten wonten  sanes kejawi  namung Neraka Jahannam.
Awit cetha sanget, bilih para koruptor punika estunipun maling lan rampog, ingkang damel rugi tuwin sengsaranipun bangsa lan negari. Arta milyaran lan malah trilyunan rupiah ingkang sami dipun korupsi punika mboten arta ingkang sekhedik. Menawa dipun cakaken kangge kemaslahatanipun masyarakat, tetela badhe saged damel padhangipun panggesangan. Kemiskinan lan kabodhoan saged dipun brasta. Fasilitas-fasilitas umum ugi saged dipun bangun.
Kalenggahan Punika Amanat
            Para sedherek jamaah Jum’ah ingkang minulya. Kalenggahan punika amatipun Allah. Mila kedah dipun estokaken kanthi  jujur lan sasae-saenipun. Magayutan kalian bab punika, Allah SWT ngendika makaten:



 
“He wong-wong kang padha iman! Sira aja padha ngiyanati Allah lan Utusane lan (uga ngiyanati) amanat-amanatira (dhewe), kamangka sira kabeh padha ngerti. Lan padha ngertia menawa bandha-bandha lan anak-anakira iku mung (minangka) ujian. Lan satemene Allah iku kagungan ganjaran kang gedhe.” (Q.S.Al-Anfaal,8:27-28)
            Kalih ayat punika cetha sanget nedahake sambet utawi hubungan antawisipun amanatipun Allah, amanatipun Rasulullah, lan amanatipun masyarakat, kalian senengipun manungsa dhateng bandha lan kulawarga. Lajeng ing ayat punika Allah SWT ugi negesaken, bilih bandha lan kulawarga punika namung mujudaken ujianipun tiyang mukmin. Liripun, saben-saben tiyang ingkang iman mesthi Suwarga (inggih punika ingkang dipunsebat wonten ing akhiripun ayat punika kalawau kanthi sebatan Ajrun ‘adhim). Nanging menawi piyambakipun gagal, angsal-angsalipun boten wonten sanes, kejawi namung Neraka Jahannam.
            Para sedherek, punika kalawau pitedahipun Allah ingkang luhur lan mesthi badhe milujengaken kula lan panjenengan. Nanging kasunyatanipun, boten sekedhik tiyang-tiyang ingkang ngaken iman jer mboten kiyat nalika dipun godha dening kabetahan utawi kesenenganipun datheng arta lan bandha kangge nyeneng-nyenengaken kulawarganipun. Sahengga piyambakipun ngantos wanton ngorbanaken amanatipun Allah, amanatipun Kanjeng Nabi SAW, lan amanatipun rakyat, bangsa, saha negari. Colong-jupuk lajeng boten isin. Malsu kwitansi utawi laporan keuanganipun negari ugi mboten ajrih. Korupsinipun lajeng saya kendhel. Mumpung nembe njabat setunggalipun kalenggahan ingkang inggil. Mumpung nembe wonten kesempatanipun kangge nyolong. Amanatipun Allah, amanatipun Rasulullah, lan amanatipun masyarakat, lajeng dipun khiyanati.

Angsal-angsalipun Para Koruptor
            Para sedherek mila saking punika, kangge nutup khotbah wonten ing siang punika, mangga tindak  lampahipun para koruptor punika kula lan panjenengan cocogaken kaliyan ayat-ayatipun Allah,kasebat wonten ing surat Al-Kahfi ayat 103-106:




“Kandhakna (Muhammad) : ”Apa ingsun (prelu) ngabarake marang sira ngenani wong-wong kang paling rugi amal tumindake?”. Yaiku wong-wong kang muspra amal usahake ana ing panguripan donya iki, kamangka dheweke kabeh padha ngira yen wes nindakake sabecik-becike amal. Dheweke kabeh iku yaiku wong-wong kang nutup diri saka ayat-ayate Allah lan dina patemone karo Panjenengane. Mula nyata bakal kabeh samubarang amale, mangka ing dina khiamat ingsun ora bakal nimbang amale. Ganjarane wong-wong iku Neraka Jahannam, amarga saka kekafirane, lan saka anggone gegojegan marang ayat-ayating-sun lan marang para Utusaning-Sun.” (Al-Kahfi,18:103-106).
            Makaten para sedherek. Dados cetho sanget, bilih para koruptor punika namung badhe nampi Neraka Jahannam.




DAFTAR PUSTAKA

Rasyadi, Taufiq Abi. 2008. “Koruptor Mesthi Neraka”. Dalam Khutbah Jum’ah, Februari 2008. Temanggung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar