Jumat, 22 April 2011

kesenian jawa

KESENIAN JAWA

WAYANG 
Wayang wonten bentuk ingkang aslinipun inggih menika kreasi budoyo tiyang jowo ingkang nggaadahi manekawarna aspek budoyo jowo. Wayang sampun wonten sakderengipun budoyo Hindu mlebet wonten ing Indonesia. Naliko jaman Neolitikum pagelaran wayang namung kawujud upacara-upacara keagamaan ingkang kaselenggaraaken wonten ing wanci dalu ingkang dipersembahaken kagem “Hyang”. Pqagelaran wayang critanipun nggambaraken crita kepahlawanan ingkang wonten ing mitologi. Wonten ing jaman sakmenika pagelaran wayang sampun benten kaliyan pagelaran wayang ing jaman ndisik. Jaman ndisik wayang digambaraken miturut wajah parasepuh. Tiyang jawi seneng ningali wayang amergi critanipun katah pelajaran-pelajaran ingkang migunani lan saget didadosaken tuntunan ing ndalem nglakoni gesang ing masyarakat.Miturut crita lan panyuguhan kira-kira wonten 40 jenis wayang ingkang wonten ing Indonesia, kayata wayang beber, wayang klithik, wayang kulit, wayang krucil lan wayang thengul utawi wayang golek. Biasanipun pagelaran wayang dipun iringi kaleh gamelan.

KETHOPRAK
 Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap. Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane. Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan. Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane. Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :
• Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
• Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
• Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
• Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
• Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca (Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

Perangkat pengiring

Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil. Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep. Gamelan kang didadeake pegiring yaiku Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
a. Kendhang
Kendhang iku salahsijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug. Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané). Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir/panutup swara suwukan.

b. Kethuk
Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
c. Kenong
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe. Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
d. Kempul
Kempul iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Perangkat iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacaeh tergantung jenis pagelarane, dadi ora pasti. Bentuknya seperti gong yang lebih kecil,permukaannya rata dan ada beberapa bagian tengah yang menonjol,diameter umum kira-kira 45cm. Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
e. Gong
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu. Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.
Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo. Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan. Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan. Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.

ANGGUK
 Tarian menika sampun wonten saking abad 17, kang dipun beto kaliyan para mubalig penyebar agama islam kang dugi saking tataran Mataram-BAgelen. tarian menika dipun sebut tarian angguk amargi penarinipun asring manggut - manggutaken sirah. Kesenian angguk kang nggadahi corak islam menika awalipun nggadahi fungsi dados piranti kangge nyiaraken agami islam. ananging kesenian angguk ing jaman sakmenika langgkung arang dipun pentasaken ing masyarakat. Angguk menika dipun peranaken kaliyan 10 lare jaler kang umuripun antawisipun 12 taun, busananipun penari umumipun ngaggem ageman kang werninipun cemeng kang lengenipun dowo lan wonten garis - garisipun kang werninipun abrit lan kuning ing dadanipun utawi ing gegeripun kangge hiasan. Celananipun dowo dumugi dengkul ugi ngangge hiasan garis - garis werni abrit lan ngagem mojah dowo ngantos dengkul tanpa ngagem sepatu. Lan ngaggem topi kang werninipun cemeng. Piranti gamelanipun inggih menika antawisipun : kendang, tambur, bedhug, krenceng, 2 rebana, terbang lan angklung. Syair lagunipun tarian angguk dipun pendhet saking kitab Barzanji saengga syair - syair angguk menika awalipun inggih ngangge Bahasa Arab, ananging ing pungkasan gerak tarian lan syairipun dipun modifikasi kang dipun seselaken kaliyan gerak tari lan basa khas Banyumas kang tanpo ngrubah bentuk aslinipun. Rupa liya saking kesenian angguk inggih menika " Aplang ", bedanipun Angguk kaliyan Aplang inggih menika yen Angguk dipun peranaken kaliyan lare jaler, yen " Aplang " utawi " Daeng " dipun peranaken kaliyan lare estri. 

REYOG 
Iku salah sijining seni rakyat sing asalé saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten Panaraga. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réyog iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis turunaning para leluhur. Réyog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage, contoné wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional. Seni Réyog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan werna ireng lan rainé dipolèsi werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing kendel. Sawisé ana jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran. Ing réyog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké déning wong-wong lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning bocah cilik sing mentasaké adhegan lucu. Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni réyog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké, yèn tetakan ya biyasané carita laga. Adhegan ing seni réyog biyasané ora miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan sang dhalang (biyasané pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain sing lagi pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn dhèwèké kesek. Sing utama ing seni pementasan réyog iku bèn sang penonton marem. Adhegan pungkasan iku arupa singa barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési mawa wulu-wulu merak. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual kayata pasa lan mbangun tapa.

JATHILAN

 Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Panari jathilan disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethek putih nanging na uga sing ijo lan abang.

Nama  : ALIFA SINTYA GATRI

 No        : 18 

Kelas    : XII IPA 2


Tidak ada komentar:

Posting Komentar