Jumat, 22 April 2011

fabel 'Kancil karo Baya'


 Kancil karo Baya

Sawise mangan, Kancil pengen ngombe nang kali. Lagi enak-enak ngombe,sikile Kancil kroso ana sing nyekeli. “Iki sapa sing nggeret sikilku iki ? culana !yen kepengin apa kondoa wae, ora ndadak nggeret sikilku!”mangkono kandane Kancil.
“Iki mesti pokale Baya. Apa karepmu ya, kok nyekeli sikilku kenceng banget kuwi?” pitakone Kancil sajak ayem wae.
“Aku kepingin mangan atimu. Wis suwe aku kepingin mangan ati kancil ora klakon, lagi   
saiki aku bisa nyekel kowe”mangkono wangsulane Baya.
“Aku saguh nggolekke ati kewan liyane aku, pira butuhmu?”. Baya mangsuli “emoh yen dudu atimu. Aku kepingin mangan atimu, jalaran aku kepingin pinter, sugih akal sarta julig kaya kowe. Padha-padha kewan, kowe kuwi kondang sugih akal, pinter tur julig.”sawise keprungu wangsulane Baya ngono mau, Kancil banjur mangsuli kanthi sareh
“O….ngono ta karepmu? Iya, ngono ya becik wae aku ora kabotan, aku ekhlas menehake atiku marang kowe, idhep-idhep nulung kowe kareben katularan pinter kaya aku, rak ngono ta?”
“Iya, pancen ya ngono kuwi karepku Cil!” wangsulane Baya seneng atine.
“Apa kowe ngerti sebabe kok aku dadi kewan sing pintere ngluwihi sakabehing kewan? pitakone kancil marang Baya.
“Aku ora ngerti kok Cil? Apa to sebabe kowe kok bisa pinter lan sugih akal kuwi?”mangkono pitakone Baya.
“Ngene, tak kandani ya Baya, aku dadi kewan pinter lan sugih akal kuwi jalaran atiku kuwi gedhe.
 Gedhene atiku ngluwihi atine kewan apa wae, mulane yen kowe kepingin mangan atiku, prayogane aja mung kowe dhewe.Kanca-kancamu kumpulna, mengko kareben entuk bagean mangan atiku.Yen mung kowe dhewe eman-eman tiwas ora entek”
Baya wis wiwit kena apus kramane Kancil.Nanging isih meksa takon maneh”Apa ya ngono ta Cil?”. Kancil isih tetep mangsuli kanti sareh “Dikandani kok ora percaya.Tinimbang mengko atiku kok pangan dewe tiwas ora entek rak muspra.Wis ta, nggugua aku!.
Saiki ngene wae ya, kancamu kumpulna ana kedhung kene iki,kongkonen baris jejer-jejer ngarep mburi, mengko dak etunge. Yen wis kira-kira cukup mengko atiku dak wenehake kowe banjur dumen sing adil lan rata!”
Kurang luwih ana Baya patang puluh padha baris ngambang ngarep mburi ana kedhung sing banyune tansah ajeg agung iku.Kancil banjur wiwit ngetung kanthi mencolot saka sirah baya siji urut menyang buntut banjur mencolot menyang sirah Baya liyane nurut buntut maneh.Bola-bali nganti tekan sing pungkasan Kancil banjur mencolot menyang dharatan terus nggeblas lumayu nggendring. Baya-baya mau sawise ngenteni sawetara Kancil ora ana bali lagi krasa yen diapusi Kancil.  jalaran aku kepingin pinter,sugih akal sarta julig kaya kowe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar