Selasa, 03 Mei 2011

Nuwuhaken Raos Tresna Tumrap Para Muda Dhateng Ringgit Purwa Supados Boten Katrajang Kemajenganing Jaman

Nuwuhaken Raos Tresna Tumrap Para Muda Dhateng Ringgit Purwa Supados Boten Katrajang Kemajenganing Jaman

Assalamu’alaikum wr.wb

        Ibu Guru ingkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan Rahmat saha Hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing papan mriki. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kagunan Tradisional kanthi irah-irahan  Nuwuhaken Raos Tresna Tumrap Para Muda Dhateng Ringgit Purwa Supados Boten Katrajang Kemajenganing Jaman.
Ringgit Purwa inggih menika kagunan tradisional ingkang nggambaraken satunggaling cariyos lampahing gesang manungsa. Tuladhanipun, nagari Pendhawa menika nggambaraken tiyang-tiyang ingkang sae, wondene nagari Ngastina nggambaraken tiyang-tiyang ingkang boten sae. Ringgit Purwa menika kalampahaken dening satunggaling dhalang ingkang kabantu wontenipun waranggana (sindhen) saha wiyaga.
        Ananging, samenika Ringgit Purwa kathah ingkang boten remen mersani, langkung-langkung kadang muda. Awit sampun kageser dening kagunan sanes. Tuladhanipun wontenipun seni musik menapa dene drama sinetron.
        Supados boten katrajang kemajenganing jaman, pagelaran Ringgit Purwa samenika dipun tambahi wontenipun satunggaling dhagelan utawi lelagon (campursari) wonten ing tengah-tengahipun cariyos. 
        Kangge ngawekani supados boten katrajang kemajenganing jaman, inggih menika antawisipun :
-   Dipun kathahaken wontenipun pagelaran Ringgit Purwa. Kanthi dana saking pemerintah ugi saking instansi ingkang kawogan. Inggih menika Dinas Kebudayaan lan Pariwisata.
-   Pagelaran Ringgit Purwa saged adani wonten ing pawiyatan-pawiyatan. Langkung-langkung wonten ing pawiyatan SMU, utawi Perguruan Tinggi.
-   Pagelaran Ringgit Purwa dipun adani wonten ing wekdal siyang, amargi menawi ndalu kadang muda boten kiyat saking ngantuk, amargi enjangipun kedah sinau utawi sekolah kaliyan medamel.
Kanthi mekaten, Pagelaran Ringgit Purwa wonten ing taun-taun ingkang badhe dhateng saged langkung kathah saha dipun remeni dening kadang muda.
        Sanesipun menika, para anem saged nglestarekaken Ringgit Purwa saengga saged mbentengi saking pengaruh kagunan saking manca. Mugi-mugi para anem saged remen dhumateng kagunan tradisional, langkung-langkung Ringgit Purwa.
        Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula matur. Pramila kula cekapi semanten semawon atur kula, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar