Selasa, 03 Mei 2011

cariyos wayang 'prabu duryudana kewirangan'

* Prabu Duryudana Kewirangan *

            Pawartos sedanipun Prabu Sisupala sumebar warata. Prabu Duryudana mrinani, “Paman Sengkuni, rencang kula dumugi seda, pedhot jangganipun. Kula boten trima ! ”.
Pangandikanipun Prabu Duryudana kapireng dening Prabu Baladewa. Raja Mandura menika lajeng ngendika, “ Sampeyan badhe menapa, yayi? menawi sampeyan badhe           reka-reka damel perkara mungsuhipun sanes sinten-sinten, nanging Baladewa ! ”.
            “ Inggih……inggih……”, Prabu Duryudana minder. “ Kula aturi nrimah, Ngger. Yung-yung,” Patih Sengkuni asung panglipur.
            “ Duryudana, menika sanes perkawis panjenengan. Menika perkawising pribadi antawis Wayah Prabu Kresnakaliyan Sisupala.Panjenengan ampun tumut-tumut, salin bubungan”, ngendikanipun Resi Bisma.
            “ Inggih”. Resi Bisma lajeng ngendika marang para narendra, “ Para kadang narendra, kaparenga panjenengan sami lerem sawatawis. Rehne samangke pasugatan sampun panjenengan tampi, mawantu-wantu panuwunipun putu kula Pandhawa, mangga kula dherekaken manjing wonten ing Taman Batanakawarsa.”
            “ Inggih, sendika. Mangga kanca-kanca! ” Prabu Duryudana sareng priksa gumelaripun nagari Ngamarta ( Indraprasta ), langkung-langkung taman Batanakawarsa, sanalika duka yayah sinipi. Purwanipun Pandhawa babad mrentani menika sejatosipun diloropaken, ananging saestu nampa kamulyan ingkang sanget ageng. Ageng alitipun Prabu Duryudana meri kaliyan kabegjanipun Pandhawa.
            Kaendahanipun taman Batanakawarsa, jagad boten wonten ingkang nandhingi. Saking katabihan taman Batanakawarsa pindha tumpukan inten barleyan. Pating gebyar sumunar nyoroti sajroning taman. Katon padhang terawangan. Wonten tengahing taman wonten blumbangipun, ingkang dhasaripun saking marmer. Toyanipun bening kinclong-kinclong kados kaca, ngantos marmer dhasaripun ketingal cetha sinawang saking nginggil. Tanem tuwuh ingkang ngrenggani taman, dumados saking wit-wit sekar ingkang awis. Awit saking indahipun, jerambahipun menawi dipersani ngantos kados blumbang. Ingkang kados jerambah, malah sejatosipun blumbang. Kori ingkang katingal minep, malah sejatosipun menga. Wondene kori ingkang ketingal menga, sajatosipun minep.
            Prabu Duryudana kadherekaken Patih Sengkuni anggenipun tindak misah saking rombongan. Batosipun boten trima, menawi Pandhawa pikantuk kamulyan ingkang semanten ageng. Raos gempung, kuciwa, duka, katambahan raos drengki, srei, njalari icalipun kaprayitnanipun Prabu Duryudana. Datan nyana yen kori ingkang ketingal mbikak menipun sejatosipun minep. Prabu Duryudana nekat nedya ngliwati, satemah mustakanipun gejegluk kori. Ger! Sinurak para Raja ingkang sami mersani. Prabu Duryudana panas manahipun. Cengkelak mbalik,tumuju jerambah ingkang sejatosipun menika blumbang.,Patih Sengkuni nyobi ngalang-alangi, nanging sampun kasep. Prabu Duryudana sampun kebacut kecemplung blumbang. Sinurak dening para Raja.
            “ Ha….ha….ha….ha ! Prabu Duryudana kecegur blumbang !”
            “ Kula menika boten kecegur…..”, Prabu Duryudana ngendika.
            “ Kecegur kemawon ! ” salah satunggaling  Raja boten purun kawon.
            “ Kula menika sumuk, mila terus nyemplung, siram”, wangsulanipun Prabu Duryudana.
            “ Siram kok kaliyan sandhanganipun? ” pangandikanipun Raja sanes.
            “ Ngiras pantes nggirahi.” Pangandikanipun Prabu Duryudana.
            “ Lha wong Ratu kok nggirahi ! ”
Prabu Duryudana kewirangan saestu.   
Analisa
           
·         Tokoh        :
-          Prabu Duryudana.
-          Paman Sengkuni.
-          Prabu Baladewa.
-          Resi Bisma.

·         Sifat          :
-          Prabu Duryudana : Srei kaliyan drengki.
-          Paman Sengkuni : Manutan kaliyan remen adu-adu.
-          Prabu Baladewa : Tegas Kaliyan mbelanipun kebeneran.
-          Resi Bisma : Jujur ( ngayomi ).

·         Setting / tempat    :
-          Ngastina.
-          Negara Ngamarta ( Indraprasta ).
-          Pandhawa.
-          Taman Batanakawarsa.

·         Waktu        :
-          Wonten ing Taman Batanakawarsa.
-          Wonten ing Nagari ngamarta ( Indraprasta ).

·         Budi Pekerti          :
-          Boten kenging srei kaliyan drengki.
-          Dados pimpinan ingkang saged dipuntuladhani.
-          Ampun kepingin kaliyan rejekinipun tiyang sanes.
-          Nrimah ing pandum ( menapa wontenipun )

Sinopsis / ringkesan    

            Pawartos sedanipun Prabu Sisupala sumebar warata. Prabu Duryudana mrinani. Prabu Duryudana sareng priksa gumelaripun nagari Ngamarta ( Indraprasta ). Langkung-langkung taman Taman Batanakawarsa, sanalika duka yayah sinipi. Kaendahanipun Taman Batanakawarsa, jagad boten wonten ingkang nandhingi. Saking katabihan Taman Batanakawarsa pindha tumpukan inten barleyan.
Prabu Duryudana kadherekaken Patih Sengkuni anggenipun tindak misah saking rombongan. Batosipun boten trima, menawi Pandhawa pikantuk kamulyan ingkang semanten ageng. Raos gempung, kuciwa, duka, katambahan raos drengki, srei, njalari icalipun kaprayitnanipun Prabu Duryudana. Datan nyana yen kori ingkang ketingal mbikak menipun sejatosipun minep. Prabu Duryudana nekat nedya ngilwati, satemah mustakanipun gejegluk kori. Ger ! Sinurak para Raja ingkang sami mersani.
Prabu Duryudana panas manahipun. Cengkelak mbalik, tumuju jerambah ingkang sejatosipun menika blumbang. Prabu Duryudana sampun kebacut kecemplung blumbang.
Prabu Duryudana kewirangan saestu.

sesorah 'kamardikan RI'

Assalamu’alaikum wr.wb

        Ibu Guru ingkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan Rahmat saha Hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing papan mriki. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
        Kita sedaya mangertos, bilih atusan taun kita dipun jajah. Rakyat didamel ajrih dening boten adilipun koloni asing. Kanthi landhasan kekajengan ingkang kuwat, rakyat berjuwang kangge mardika, wonten ing tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus, kangge mengenang lan mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengorbanan para pahlawan ingkang sampun gugur berjuwang kangge kamardikan.
        Kathah manika warna raos syukur awit kanugrahan kasebat. Antawisipun jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu manika warni, ugi ndandosi lingkungan kanthi aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipun wontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, mangan krupuk, lan sanes-sanesipun.
        Acara inti dipun wontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17. Pramila saking menika, kita dandosi dhiri kita sakderengipun telat, ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados saged ndandosaken sedayanipun masa depan bangsa ingkang langkung sae.
        Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula matur. Pramila kula cekapi semanten semawon atur kula, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr.wb

sesorah ''kamardikan RI''

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang dhahat kinurmatan
                Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal sesarengan wonten ing mriki, kangge mengeti dinten kamardikan Republik Indonesia.
                Wonten ing kesempatan menika, kita ngenang malih peristiwa ingkang penting. 17 Agustus 1945 teks proklamasi diwaos kaliyan bapak Ir.Soekarno. Lajeng proklamasi disebaraken. Indonesia sampun bebas saking penjajah. Upacara proklamasi kamardikaan Indonesia kirang luwih 1 jam. Singkat lan sederhana, namung peristiwa menika damel perubahan ingkang luar biasa kagem bangsa Indonesia. Peristiwa menika, nandai bangsa lan negara Indonesia ingkang mardika lan berdaulat.
                Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang dhahat kinurmatan
Kamardikan samenika rahmat kaliyan anugrah saking Gusti Allah SWT. Wondene, kita wajib bersyukur kaliyan Gusti Allah SWT saking kamardikan ingkang kita tampi lan nikmati. Para pendahulu kita sampun berjuang berabad-abad dangune kangge ngraih Indonesia mardika saking tangan penjajah. Perjuanganipun ngrenggut kekuatan, harta, kaliyan nyawa.
                Generasi dene generasi sampun benten. Ewunan lan puluhan ewu pahlawan sampun gugur dados syuhada wonten ing perjuangan. Saengga, kita kedah ngisi kamardikan ingkang dicapai kaliyan mujudaken cita-cita proklamasi kamardikan Negara Republik Indonesia Merdeka, yaiku nyiptakaken keadilan, kemakmuran, kaliyan kesejahteraan rakyat Indonesia ingkang adhedasar wonten ing Pancasilan kaliyan UUD 1945. Boten luput, kita ugi andedonga kaliyan Gusti Allah, mugi-mugi sedaya usaha kita saged diparingi restu kaliyan dipun sekecakaken wonten Gusti Allah. Amin.
                Mekaten  atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten mampangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaparenga panjenengan sedaya paring agunging pangaksami. 

                Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

faktor penyebab suatu titik lokasi menjadi pusat pertumbuhan

FAKTOR PENYEBAB SUATU TITIK LOKASI MENJADI PUSAT PERTUMBUHAN

                Suatu titik lokasi menjadi pusat pertumbuhan disebabkan oleh beberapa faktor :
A.      Kondisi Fisik Wilayah
Kondisi fisik wilayah merupakan salah satu faktor penyebab berkembangnya suatu wilayah menjadi pusat pertumbuhan, misalnya kondisi fisik yang datar akan berkembang lebih cepat dibandingkan dengan kondisi wilayah yang berbukit-bukit atau lembah yang curam. Perkembangan suatu wilayah menjadi pusat pertumbuhan itu memerlukan dana, tenaga, bahkan teknologi yang tinggi dan pada akhirnya harus dipandang dari sudut ekonomisnya.

B.      Kekayaan Sumber Daya Alam
Suatu wilayah yang memiliki sumber daya melimpah dapat menjadi pusat pertumbuhan. Pemusatan sejumlah orang itu akan diikuti oleh pembangunan sarana dan prasarana penunjang seperti rumah, pasar, terminal, industri, sekolah, dan lain sebagainya. Akibatnya akan terjadi pemekaran wilayah ke segala arah.

C.      Sarana Dan Prasarana Transportasi
Sarana dan prasarana transportasi memegang peranan penting dalam mendukung terbentuknya pusat-pusat pertumbuhan. Suatu titik lokasi yang berada pada wilayah dengan jaringan transportasi yang baik, besar kemungkinan dapat menjadi pusat pertumbuhan dan akan memacu aktivitas ekonomi daerah bersangkutan.

D.      Adanya Industri
Perkembangan industri pada suatu wilayah mengakibatkan munculnya lapangan kerja. Keberadaan industri pada suatu wilayah itu dapat memberikan berbagai peluang aktivitas ekonomi dan selanjutnya menjadi pusat pertumbuhan bagi wilayah-wilayah yang ada di sekitarnya.

E.       Kondisi Sosial Budaya Masyarakat
Kondisi sosial budaya suatu masyarakat dapat mempengaruhi perkembangan suatu wilayah menjadi pusat pertumbuhan dan perkembangan bagi wilayah yang ada di sekitarnya. Misalnya suatu kehidupan masyarakat yang telah modern lebih bersifat terbuka untuk menerima pembaharuan-pembaharuan dan dapat menjadi pusat pertumbuhan bagi wilayah-wilayah yang ada di sekitarnya. Sedangkan pada kehidupan masyarakat tradisional sangat sulit untuk menerima pembaharuan-pembaharuan yang ada di sekitar wilayahnya

F.       Pertimbangan Ekonomi
Berdasarkan pertimbangan ekonomi, suatu daerah dapat dijadikan sebagai pusat pertumbuhan oleh pemerintah Republik Indonesia, seperti Batam.

Nuwuhaken Raos Tresna Tumrap Para Muda Dhateng Ringgit Purwa Supados Boten Katrajang Kemajenganing Jaman

Nuwuhaken Raos Tresna Tumrap Para Muda Dhateng Ringgit Purwa Supados Boten Katrajang Kemajenganing Jaman

Assalamu’alaikum wr.wb

        Ibu Guru ingkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan Rahmat saha Hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing papan mriki. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kagunan Tradisional kanthi irah-irahan  Nuwuhaken Raos Tresna Tumrap Para Muda Dhateng Ringgit Purwa Supados Boten Katrajang Kemajenganing Jaman.
Ringgit Purwa inggih menika kagunan tradisional ingkang nggambaraken satunggaling cariyos lampahing gesang manungsa. Tuladhanipun, nagari Pendhawa menika nggambaraken tiyang-tiyang ingkang sae, wondene nagari Ngastina nggambaraken tiyang-tiyang ingkang boten sae. Ringgit Purwa menika kalampahaken dening satunggaling dhalang ingkang kabantu wontenipun waranggana (sindhen) saha wiyaga.
        Ananging, samenika Ringgit Purwa kathah ingkang boten remen mersani, langkung-langkung kadang muda. Awit sampun kageser dening kagunan sanes. Tuladhanipun wontenipun seni musik menapa dene drama sinetron.
        Supados boten katrajang kemajenganing jaman, pagelaran Ringgit Purwa samenika dipun tambahi wontenipun satunggaling dhagelan utawi lelagon (campursari) wonten ing tengah-tengahipun cariyos. 
        Kangge ngawekani supados boten katrajang kemajenganing jaman, inggih menika antawisipun :
-   Dipun kathahaken wontenipun pagelaran Ringgit Purwa. Kanthi dana saking pemerintah ugi saking instansi ingkang kawogan. Inggih menika Dinas Kebudayaan lan Pariwisata.
-   Pagelaran Ringgit Purwa saged adani wonten ing pawiyatan-pawiyatan. Langkung-langkung wonten ing pawiyatan SMU, utawi Perguruan Tinggi.
-   Pagelaran Ringgit Purwa dipun adani wonten ing wekdal siyang, amargi menawi ndalu kadang muda boten kiyat saking ngantuk, amargi enjangipun kedah sinau utawi sekolah kaliyan medamel.
Kanthi mekaten, Pagelaran Ringgit Purwa wonten ing taun-taun ingkang badhe dhateng saged langkung kathah saha dipun remeni dening kadang muda.
        Sanesipun menika, para anem saged nglestarekaken Ringgit Purwa saengga saged mbentengi saking pengaruh kagunan saking manca. Mugi-mugi para anem saged remen dhumateng kagunan tradisional, langkung-langkung Ringgit Purwa.
        Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula matur. Pramila kula cekapi semanten semawon atur kula, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr.wb